Jumat, 15 April 2016

Jaman Akik

Jaman akik
Iki dudu babagan olo opo becik
Nanging nglairke ati kang mosik
Marang kahanan kang molak malik
Gawe bingung lan tintrime wong cilik

Jaman akik
Yen tak roso soyo mobrak mabrik
Kawulo yo mung kanggo ancik ancik
Nalikane pingin luru palungguhan dingklik

Jaman akik
Ing kono Durjana ngaku wong apik
Panyandange sarwo resik
Ning polahe tan bedo kirik
Di ajak apik jare mengko disik
Ewodene yen tumindak culiko rindik asu ginitik

Jaman akik
Sing duwe ati lan laku becik
Ewo semono malah den sirik
Mergo akeh priagung sing kemresik
Ukum nagoro malah den wolak walik
Pranatan suci den othak athik
Nuruti nalar kang licik

Jaman akik
Tan beda koyo akik,
Najan amung watu kang cilik
Nanging bisa katon becik
Diembani manik manik
Manggon ono driji opo dene jenthik

Jaman akik
Mulo ojo nganti atimu cilik
Teka titimangsane mengko, becik tetep becik
Pangukuman bakal tinompo marang kang licik
Ayo tetepo manteb dadi wong apik

@sinam_ms

Tidak ada komentar:

Mengenal Media Komunitas

Mengenal Media Komunitas Oleh: Sinam M Sutarno “ setiap orang  berhak berkomunikasi dan memperoleh informasi untuk mengembangkan pribadi d...