Dandang Gulo
Siogo Merapi
Poro kadang saubeng merapi
Tansah siogo lawan waspodo
Mring sang redi Merapine
Nadyan kadyo sedulur
Ugo biso gawe pepati
Wedus gembel sanyoto
Banjir wedi watu
Yen siro tanggap sasmito
Ojo tido tido enggalo sumingkir
Nir boyo nir sangsoro
Pangkur
Merapiku merapimu
Kondang kawentar ing donya
Endah edi arane redi merapi
Nyengsemke roso lan kalbu
Berkah kang moho kuoso
Lumeber marang wong tani yutun
Kang wasis garap bantolo
Tanem tuwuh subur yekti
Ono kalaning sang argo
Ngatonaken pidekso arupi geni
Tan ono biso ngreridu
Purbaning pesti sanyoto
Tansah mulat kahanan cecolo iku
Mrih tebih saking beboyo
Gesang mukti ing merapi
Langganan:
Postingan (Atom)
Mengenal Media Komunitas
Mengenal Media Komunitas Oleh: Sinam M Sutarno “ setiap orang berhak berkomunikasi dan memperoleh informasi untuk mengembangkan pribadi d...
-
Jaman akik Iki dudu babagan olo opo becik Nanging nglairke ati kang mosik Marang kahanan kang molak malik Gawe bingung lan tintrime wo...
-
MMC fm memiliki agenda rutin melalukan pantauan langsung kepuncak merapi setiap bulan sekali, tepat pada malam selasa kliwon tanggal 1 mei ...
-
Mie Ongklok, hidangan istimewa sehat dan murah ini akan kita jumpai saat memasuki udara dingin Wonosobo. Ini menu wajib kalau saya kebetulan...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar