Geguritanku

Kudu gugat sopo

Sik sik sik 
Sakjane opo to karepmu
Jare nyuwun karahayon, keslametan 
Urip aduh soko beboyo
Nir ing sambikolo

Nanging 
Tindak tandukmu
Solah tingkahmu
Adoh, adoh soko panyuwunanmu iku

Malah sajak ngawe awe tekane ciloko 
Hanggadang  gadang praptane beboyo
Siro entengake karahayon iku
Among pamrih kamulyan semu

Bumi den pulosoro
Den keduk den keruk kanti murang toto
Babar blas tanpo subo sito
Yo ngono kuwi anggonmu bekti marang Ibu Bumi
Opo maneh yen mung kancintrakaning liyan
Wis mesti wae siro kiwakno

Jane yo ora kurang kurang
Wisiking gusti ing jagat gumelar
Nanging pancen siro budeg
Nyoto nalarmu cubluk
Lan atimu wis remuk

Nanging aku ora kelangan pangarep arep
Muga muga ndang bali warasmu
Bali marang urip sejatimu
Kang rinengkuh welas asihing Gusti
Nyawiji marang Ibu Pertiwi

Solo 12 April 2016, 
@Sinam_MS 


JAMAN AKIK 

Jaman akik
Iki dudu babagan olo opo becik
Nanging nglairke ati kang mosik
Marang kahanan kang molak malik
Gawe bingung lan tintrime wong cilik

Jaman akik
Yen tak roso soyo mobrak mabrik
Kawulo yo mung kanggo ancik ancik
Nalikane pingin luru palungguhan dingklik

Jaman akik
Ing kono Durjana ngaku wong apik
Panyandange sarwo resik
Ning polahe tan bedo kirik
Di ajak apik jare mengko disik
Ewodene yen tumindak culiko rindik asu ginitik

Jaman akik
Sing duwe ati lan laku becik
Ewo semono malah den sirik
Mergo akeh priagung sing kemresik
Ukum nagoro malah den wolak walik
Pranatan suci den othak athik
Nuruti nalar kang licik

Jaman akik
Tan beda koyo akik, 
Najan amung watu kang cilik
Nanging bisa katon becik
Diembani manik manik
Manggon ono driji opo dene jenthik

Jaman akik
Mulo ojo nganti atimu cilik
Teka titimangsane mengko, becik tetep becik
Pangukuman bakal tinompo marang kang licik
Ayo tetepo manteb dadi wong apik


@sinam_ms

Tidak ada komentar:

Mengenal Media Komunitas

Mengenal Media Komunitas Oleh: Sinam M Sutarno “ setiap orang  berhak berkomunikasi dan memperoleh informasi untuk mengembangkan pribadi d...